Sejarahe Aksara Jawa
Bapak Yusuf Asmara mundhut priksa bab sejarahe akasara Jawa.
Yen ora kleru sing dikersakake Bapak Yusuf Asmara iku aksara Jawa anyar kanthi
aksara legena cacah 20 wiwit HA nganti NGA. Yen bener mangkono, keparenga
penulis ngaturake tulisan bab sejarahe aksara Jawa kasebut, ringkesan saka
sawatara buku-buku kapustakan.
Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi) babarane Yayasan
Pustaka Nusantara Yogyakarta diandharake manawa ngrembug sejarahe aksara Jawa
anyar kang uga diarani sastra sarimbagan utawa carakan iku ora bisa dipisahake
karo rembug bab kelairan lan pandhapuke aksara kasebut. Miturut Bp Slamet
Riyadi ing bukune kang isi kelairan, penyusunan, fungsi, lan maknane
Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebut ana konsepsi cacah loro kanggo nlusur kelairane aksara
Jawa lan penyusunan abjad ha-na-ca-ra-ka, yaiku konsepsi secara tradisional lan
konsepsi secara ilmiah.
KONSEPSI SECARA TRADISIONAL
Adhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa
digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular
(dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran
rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing
pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi.
Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine
sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara
suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris.
Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan
diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka
kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan
Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka.
Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa
Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo
Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak
awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan
tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna.
Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora
gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka.
Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora,
Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya
manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone
padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris.
Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.
Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada
ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang
pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora
lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise
ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur
gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan
Sembada.
Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala
ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing
direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta
aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit saka HA nganti NGA.
HA NA CA RA KA
Ana caraka (utusan)
DA TA SA WA LA
Padha suwala (padudon, pancakara)
PA DHA JA YA NYA
Padha dene digdayane
MA GA BA THA NGA
Wasana padha dadi bathang
Iku mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan
penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan
disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan
dieling-eling (memoteknik), mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis
aksara Jawa. Abjad sing kaya guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau
saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati
sampyuhe Dora lan Sembada.
KONSEPSI SECARA ILMIAH
Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, sadurunge wong-wong India
angejawa, wong Jawa durung duwe aksara. Basa pasrawungane mung nggunakake basa
lesan. Kanthi anane aksara kang digawa saka India kasebut saka sethithik basa
tinulis wiwit digunakake. Pancen aksara ora mung dadi piranti komunikasi sarana
tulisan, nanging luwih saka iku aksara uga dadi ukuran kemajuane budaya sing
ndarbeni aksara kasebut. Peradaban sing wis nggunakake basa tinulis kanyatan
luwih maju tinimbang sing ora/durung duwe aksara.
Miturut Casparis, sajroning sejarah peradaban etnik Jawa,
tulisan sing paling tuwa ditemokake awujud prasasti kanthi nggunakake aksara
Pallawa, nuduhake tandha wektu sadurunge taun 700 Masehi. Sadurunge iku etnis
Jawa mung nggunakake basa lesan. Sawise ditemokake sawatara prasasti liyane,
baka sethithik ditindakake studi paleografi (ilmu kanggo nyinaoni aksara kuna).
Miturut studi paleografi sing ditindakake Casparis, ana
limang periode aksara Jawa. Periode kapisan (aksara Pallawa) dening Bp. Atmodjo
diperang maneh dadi loro. Kanthi mangkono kabeh ana nem periode, yaiku:
1. Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake sadurunge taun
700 M. Contone tinemu ing prasasti Tugu ing Bogor.
2. Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake ing abad VII
lan tengahan abad VIII. Tinemu ing prasasti Canggal ing Kedu, Magelang.
3. Aksara Jawa kuna kawitan, digunakake taun 750-925 M,
contone tinemu ing prasasti Polengan ing Kalasan, Yogyakarta.
4. Aksara Jawa kuna tataran pungkasan, digunakake taun
925-1250 M, tinemu ing prasasti Airlangga.
5. Aksara Majapait, digunakake ing taun 1250-1450 M. tinemu
ing prasasti Singosari lan Malang, sarta ing lontar (ron tal) Kunjarakarna.
6. Aksara Jawa anyar, digunakake taun 1500 M nganti saiki.
Tinemu ing Kitab Bonang lan buku-buku sabubare iku.
Lair lan ngrembakane aksara Jawa raket sesambungane karo
lair lan ngrembakane basa Jawa. Aksara Jawa anyar lair sawise basa Jawa anyar
digunakake kanthi resmi ing sajroning pamarentahan, saora-orane wiwit taun 1500
M. Wektu kasebut punjere pamarentahan ing Jawa ana ing Demak. Mula ana sing
duwe panemu manawa aksara Jawa anyar wiwit digunakake kanthi resmi nalika jaman
Demak. Panemu iki disengkuyung antara liya karo bukti awujud naskah kanthi
tulisan aksara Jawa anyar yaiku Kitab Bonang.
Bab taun kelairane aksara Jawa iki padha karo andharane Bp.
Moch. Choesni ing majalah JAMBATAN edisi khusus babaran Lembaga Javanologi
Surabaya kang didumake marang para peserta Kongres Basa Jawa II ing Batu,
Malang sasi Oktober taun 1996. Nanging beda versine. Bapak Moch. Choesni
nggathukake kelairane aksara Jawa anyar karo tekane muhibah utawa kunjungan
persahabatan saka Tiongkok menyang tanah Jawa (Majapait) kang dipandhegani
Laksamana/Jendral Cheng Ho (Jeng Ho) kanthi ngirid wadyabala pirang-pirang ewu
cacahe sikep gegaman.
Bp. Moch. Choesni nyangga-runggekake (meragukan) apa bener
tekane caraka kanthi sandiyuda Sam Poo Kong sing diwerdeni tiga perkasa
pembalas dendam samono akehe iku ‘kunjungan persahabatan’ kang tulus? Apa ora
ana gandheng-cenenge karo pangrabasane wadya bala Tiongkok kang sumedya
nguwasani Singasari sing digagalake dening Raden Wijaya lan Arya Wiraraja dhek
taun 1293? Ma-ga-ba-tha-nga alias “mangga batangen”, mangkono pepuntoning
andharan sawise ngonceki kanthi njlimet surasane ha-na-ca-ra-ka (ana utusan),
da-ta-sa-wa-la (tanpa peperangan), lan pa-dha-ja-ya-nya (padha jayane,
kasembadan sedyane).
Ing ngarep wis diaturake, secara tradisional urutan abjad
ha-na-ca-ra-ka digathuk-gathukake karo legenda Aji Saka. Nanging data literer
nuduhake menawa naskah utawa teks sing ngemot urutan utawa abjad ha-na-ca-ra-ka
ora mesthi digathukake karo legenda kasebut. Upamane Serat Sastra Gendhing,
Serat Centhini, Serat Sastra Harjendra, Serat Saloka Jiwa, lan Serat Retna
Jiwa. Kabeh serat (buku/tulisan) kasebut isi abjad ha-na-ca-ra-ka kagandhengake
karo filsafat utawa ngelmu kasampurnan.
Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi), ing perangan
kang ngrembug bab makna filosofis ha-na-ca-ra-ka, dibabar ora kurang saka 20
warna filsafat ha-na-ca-ra-ka miturut daya nalar, wawasan, lan tujuane sing
gawe makna filosofis dhewe-dhewe. Ing majalah Jambatan kasebut ing ngarep ana
nem jinis makna filosofis. Durung kalebu sing ana makalah-makalah liyane.
Beda karo kang kasebut ing Serat Manikmaya, Serat Aji Saka,
lan Serat Momana sing padhadene nggathukake karo legenda Aji Saka. Ing
buku-buku kasebut abjad ha-na-ca-ra-ka diarani sastra sarimbagan. Jalaran
larikan kapisan abjad Jawa anyar iku unine ha-na-ca-ra-ka, mula luwih dikenal
kanthi jeneng carakan kaya ing Sundha lan Bali.
Miturut panalitine Prof. Dr. Poerbatjaraka, Serat Manikmaya
dikarang dening Kartamursadah ing jaman Kartasura, ing taun 1740 Jawa utawa
taun 1813 Masehi. Dene abjad Jawa sing luwih tuwa diarani ka-ga-nga, awit manut
wewaton abjad Devanagari ka-kha-ga-gha-nga. Serat Manikmaya ditedhak (disalin)
dening Panambangan, punggawa Mangkunagaran, lan ing taun 1981 dibabar dening
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan kanthi irah-irahan Manikmaya.
Apa ana naskah liyane isi legenda Aji Saka sing luwih tuwa
tinimbang Serat Manikmaya, durung kaweruhan, awit miturut Wiryamartana
naskah-naskah saliyane Serat Manikmaya sing ana abjad hanacaraka-ne keh-kehane
ditulis ing wiwitane abad XIX. Yen ta Serat Manikmaya mujudake naskah sing
paling tuwa, bisa dipesthekake manawa anane abjad ha-na-ca-ra-ka wiwit jaman
Kartasura.
Miturut Uhlenbeck, abjad ha-na-ca-ra-ka digunakake sawise
adoh lete karo wektu sedane Sultan Agung (1645 M) utawa antarane jaman
Amangkurat I lan Amangkurat II. Bisa uga ing jaman Sultan Agung wis ana gagasan
bab abjad kasebut. Bab iki adhedhasar data literer anane restrukturisasi
(pemugaran) kabudayan Jawa ing jaman Sultan Agung. Upamane, salah siji sing
tumekane saiki bisa kita rasakake, yaiku anane pananggalan Jawa. Pananggalan
kasebut mujudake gabungan antarane kalender taun Saka karo kalender taun
Hijriah. Kajaba saka iku, ing naskah-naskah sadurunge jaman Sultan Agung ora
ana abdjad ha-na-ca-ra-ka.
Ora bisa kita selaki aksara Jawa kanthi abjad ha-na-ca-ra-ka
sing umure wis atusan taun kasebut wis akeh lelabuhane. Cundhuk karo saya
majune panalaran lan wawasane sing duwe kabudayan, aksara Jawa minangka
perangane kabudayan Jawa, minangka fungsi literer uga tau ngalami owah gingsir
mligine ing bab wewaton panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa.
Sadurunge Kongres Basa Jawa I ing Semarang sasi Juli 1991,
wis ana ada-ada ngruwat abjad ha-na-ca-ra-ka. Patine Dora lan Sembada kanthi
memelas amarga dadi korban pemimpin sing mencla-mencle ora netepi janji,
dianggep ora cocok karo alam Indonesia Membangun sing mbudidaya ngundhakake
pembangunan lair lan batin.
Sawatara pemakalah ing Kongres Basa Jawa III ing Yogyakarta
Juli 2001, malah gawe ada-ada owah-owahan bab tata panulise basa Jawa nganggo
aksara Jawa. Kepriye babaring lelakon aksara Jawa sateruse, iki pancen dadi
PR-e sapa bae kang pancen isih padha ngrumangsani melu handarbeni, hangopeni,
lan hangrungkebi budaya Jawa.
0 Response to "Sejarahe Aksara Jawa"
Posting Komentar